Selasa, 23 November 2010

PENATACARA BASA JAWA - RENGGEPING WICARA PERMADANI

PURWAKA

Wonten madyaning bebrayan kalebet ing bebrayan Jawi, tasih lumampah upacara-upacara adat ingkang sami katidakaken. Wiwit upacara kala wau, mbetahaken paraga ingkang piniji pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda.
Panatacara, inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata lampahing upacara. Kanthi pangertosan punika, pramila ayahipun panatacara mboten naming mbiwarakaken adicara ingkang badhe lumampah ( Pinangka Pambiwara ), nanging nata sedaya reh ingering adicara. Cekakipun Panatacara punika pinangka pangarsaning upacara. Pramila dipun sebat Master of ceremony = MC ( Inggris ) tegesipun “ Tuan / Penguasa Upacara “.
Medharsabda = Sesorah, inggih punika ngandharaken utawi mahyakaken sabda utawi suaraos = kawigatosan dhateng tiyang sanes utawi tiyang ingkang kathah ing pasamuan. Dene Pamerdhasabda inggih punika tiyang ingkang medharsabda / sesorah.
Mboten sadhengah tiyang sagede dados Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang sae, jalaran ngendikan wonten sangajenging tiyang kathah punika dipun wastani “ seni “ liripun wonten gayutanipun kaliyan kaedahan lan daya tarik ingkang nengsemaken. Awit saking punika syaratipun dados Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae, antawisipun :
1. Sarira jangkep ( normal ) kanthi pancadriya ugi jangkep.
2. Pantrap ( penampilan ) ingkang nengsemaken ( Simpatik )
3. Kagungan swanten ( kemampuan vocal ) ingkang sae
4. Nguwaosi basal an sastra
5. Kagungan kawruh ( Pengetahuan ) ingkang cekap
6. Kagungan kapribadian ingkang sae, subosita jangkep lan sumeh polatanipun.
7. Kebak raos pitados dhiri ( Percaya diri )
Kejawi sedaya kala wau, BAKAT mujudaken kunci. Bakat mboten saged dipun upadi jalaran paringipun Gusti ingkang murbeng dumadi. Namung bakat sanes Kartu Mati, sanadyan mboten bakat menawi sregep sinau lan gladhen kanthi tegen, katambah syarat ingkang 7 ing nginggil, Insya’ Alloh saged dados Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae.
Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang dipun adani dening PERMADANI, lugunipun pinangka wadhah utawi srana kangge ndherekaken sinau sesarengan, sok sintena ingkang kepingin marsudi pinangka Panatacara tuwin pamedharsabda, ingkang pangajab sageda dados paraga ingkang mumpuni, inggih pantes, luwes tur teges. Tembungipun sanes paraga ingkang renggep, ing wicara, satemah dados juru ladining bebrayan ingkang sae.
I. PANGERTOSAN RENGGEPING WICARA
Manut Bausastra, Renggep tegesipun candhak / nyandhak. Dene Wicara tegesipun gunem / tutur / pangandikan. Kula gadhah pemanggih tembung nyandhak ing bab punika saged dipun tegesi nguwaosi utawi ngendhaleni.
Pramila Renggeping wicara tegesipun : nguwaosi / ngendhaleni sedaya pakartining tutur, supados wijiling pangandikan saged : tata, tatas, tetes, titis.
• Tata ing babagan : basa sastra, tuwin patrap
• Tatas ing bab babaran ( sistimatika ) tuwin isining wedharan
• Tetes ing bab wijiling pangandikan : rancak, cetha, lan wirama sekeca.
• Titis tegesipun trep kaliyan swasana.
Wondene swasana ing ngriki, nyakup : wonten upacara punapa, mapan ing pundit, sinten ingkang midhangetaken, kados pundit wekdalipun.
Kanthi makaten nembe dipun wastani renggeping wicara, menawi wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan,panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan swasana, saha sedaya kala wau kaaturaken kanthi rancak, cetha, susila lan sekeca dipun mirengaken.
Cekakipun renggeping wicara punika wijiling pangandikan jumbuh utawi trep kaliyan swasana.
Rehning Panatacara, pamedharsabda punika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila inggih kedah ngdi murih saged renggeping wicara.
Kathah perkawis ingkang kedahi dipun cawisaken pinangka sangu, murih saged renggeping wicara. Ing antawisipun, saged kaperang dados 3 perangan inggih punika :
a. Gayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot/jiwa tuwin raos ( = TEKNIK PENJIWAAN )
b. Gayut an kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling pangandikan cetha tuwin membat mentuling swara sekeca dipun mirengaken ( = TEKNIK VOKAL )
c. Gayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira punapa dene patraping busana netepi subasita
( = TEKNIK PENAMPILAN )
II. JIWANING WEDHARAN
Wonten saweneh Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang wedharing pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih lajeng kapireng ampang tanpa bobot. Makaten punika, saged karana naming apalan, utawi mboten pirsa tegesipun tembung-tembung ingkang dipun ucapaken utawi naming adhapur tiru-tiru.
Wonten malih Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang pangandikanipun ngalantur utawi nggladrah, naming kasurung dening raos kepingin ngetingaleken anggenipun baut micara, lajeng mboten ngengeti wekdal, mboten mirsani gorehing para tamu ingkang sampun kedangon lsp. Ingkang makaten punika sanadyan basanipun sae, nanging saged kawastanan mboten trep, temahan mboten renggep.
Wijiling pangandikan Panatacara tuwin Pamedharsabda saged wonten jiwa/bobotipun, menawi cekap sangunipun. Jalaran inggih naming kanthi sangu ingkang cekap, badhe teteg ngadhepi beda-bedaning kawontenan, mboten “ Demam panggung “, minder, lsp. Satemah wijiling pangandikan badhe mantep, rancak / teteh, saha katingal anjiwa ( “ Menjiwai “ )dhateng ayahipun.
Sangunipun Panatacara tuwin Pamedharsabda, supados wijiling pangandikanipun hanggadhahi jiwa/bobot, atawisipun wonten 5 perkawis :
1. Pirsa saestu / nguwaosi dhateng ayahipun.
2. Nguwaosi Basal an sastra
3. Teteh/Baut Micara
4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana.
5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang gayutan kaliyan ayahan punapa dene kawruh sanesipun ingkang pinangka payengkuyung.

 Yen arep weruh trahing aluhur, titiken saka alusing tingkah laku lan budi basane.
 Titikane wong kang wus putus ing ilmu, yaiku saka basane kang bias gawe tentrem lan bungahing liyan.
1. NGUWAOSI AYAHAN
 Bakuning ayahan Panatacara, pinangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun, Upacara saged lumampah kanthi rancak punapa mboten, komandhonipun wonten Panatacara. Wonten upacara punika kathah paraga ingkang hanyengkuyun, pramila murih sedaya paraga kala wau saged tumindak kanthi trep manut jejibahanipun, kuncinipun wonten panatacara kados pundit anggenipun nata.
 Rehning Panatacara jejripun pinangka sopir utawi Pangarsa / Pemimpin, pramila inggih kedah nguwaosi “ Managemen “ Panatacara. Liripun, wiwit saged lumampah runtut mboten kisruh ( Perencanaan ), Kados pundit anggenipun nata para paraga kridha darma supados saged nindakaken jejibahanipun manut lampahing adicara ( Pengorganisasian ). Jalaran Upacara makaten mujudaken setunggal “ sistem “ ingkang lampahipun sineng-kuyung dening sub-sistem. Menawi setunggal sub system mboten lumampah, badhe merbawani mboten rancakipun setunggal system kala wau. Pramila tembungipun managemen, “ pengorganisasian lan koordinasi “ punika wigati sanget tumrap panatacara.
 Dene wonten cak-cakanipun ( “ Pelaksanaan “ ) Panatasara pinang ka sopir/kusir, pangandikan/parentahipun/komandho kedah cetha. Kanthi makaten para paraga ingkang hanyengkuyung ing adicara kala wau saged tumindak kanthi trep.
 Ingkang pungkasan gayutan kaliyan manajemen Panatacara inggih punika “ kontrol “. Ing bab punika Panatacara kedah tansah mbiji rancak lan mbotenipun lampahing adicara, inggih gayutan kaliyan paraga, uborampe, punapa dene wekdal. Ugi keparenga tansah ngulataken kados punsi semunipun para tamu hananggapi lampahing adicara. Andhedhasar pambiji kala wau Panatacara saged tumindak kangge ngendhaleni lampahinh adicara murih ngremenaken para tamu satemah para tamu saged jemjem lan kepareng ngestreni upacara ngantos paripurna.
 Keparenga enget, bilih saweneh ukuran/titikanipun panata cara kasil anggenipun nindakaken ayahan, ,menawi bibaripun tamu karana upacara sampun paripurna.
 Manajemen ingkang katur ing nginggil saged dipun tindakaken, menawi Panatacara pirsa saestu menggah cak-cakanipun saben-saben adicara ingkang badhe lumampah. Wiwit saking adicara punapa, ingkang dipun betahaken, sinten kemawon ingkang maragani, kapan adicara kala wau katindakaken. Ingkang punika, nguwaosi kawruh bab ngadat tatacara, gendhing lsp.Perlu sanget tumprap Panatacara.
 Dene Pamedharsabda, bakuning ayahipun mahyakaken isining penggalih/ raos-pangraos dhateng tiyang kathah/tiyang sanes. Awit saking punika, murih wedharing pangandika saged nggambaraken isining penggalih kanthi trep, tumprap Pamedharsabda kedah pirsa wosing pangandika ingkang kedah kaaturaken manut beda-bedaning ayahipun. Wosing pangandikan tumprap paraga pasrah panganten, beda kaliyan wosing pangandikan atur pambagyaharja, lsp.

Babagan punika badhe karembag malih ing perangan babaring wedharan.
2. NGUWAOSI BASA LAN SASTRA
 Paraga panatacara punapa dene Pamedharsabda, murih saged renggeping wicara ugi kedah nguwaosi basal an sastra, jer basa mekaten ingkang pinangka piranti ( alat ) kagem medharaken isining penggalih. Wondene basa ingkang sae inggih punika basa ingkang trep kaliyan swasana ( Upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken, wonten pundit papanipun ).
 Ingkang wigati lan kedah dipun kuwaosi, inggih punika bab pamilihing tembung trep, pramila kedah pirsa bab.
 Murih pamilihing tembung trep, pramila kedah pirsa bab unggah-ungguhing basa, inggih punika pamilihing tembung ingkang trep pangetrapipun wonten ing warni-warnining golongan tiyang ing bebrayan. Pramila kedah dipun kuwaosi antawisipun tembung ngoko, krama, karma inggil lsp. Tuladhanipun : tembung “ kandha “. Menawi kagem anem dhateng sepuh lajeng dados “ Matur “, dene kagem ingkang sepuh dhateng anem lajeng dados “ Ngendika “.
 Ngengingi Unggah-ungguhing basa, pinangka pathokan keparenga pribadinipun Panatacara / Pamedharsabda hanganggepa ingkang dhawah anem utawi ingkang dhawah asor.
Tuladha : Pasrah panjenengan pinanganten kakung, kula tampin kanthi suka renaming penggalih. Punika lepat.
Leresipun : kula tampi kanthi suka bingahing manah.

 Kejawi Unggah-ungguh basa,ugi kawruh bab sastra Jawi kadosta ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi, wangsalan, bebasan lsp. Ugi kedah dipun kuwaosi, murih saya endah edining basa ingkang badhe merbawani dhateng renggeping wicara.

3. BAUT / TETEH MICARA
 Baut micara utawi teteh micara ing ngriki, inggih punika wijiling pangandika rancak lan mboten wongsal-wangsul keclitut, mboten sekedhap-sekedhap eeeeee, …….. eeeee………
 Saupami tanpa rinaos kalajeng ketrucut kawijil tembung ingkang mesthinipun mboten trep, saged ngenggokaken satemah mboten ketingal sanget lepatipun.
 Supados baut micara, mboten wonten cara sanes kejawi naming kedah kathah gladhen sesorah saha sregep ngracik ukara-ukara lajeng dipun apalaken.

4. LANTIP ING PANGGRAITA / TANGGAP ING SWASANA
 Panatacara tuwin Pamedharsabda ugi kedah lantip lan cepet tanggap ( “ Peka “ )dhateng swasana. Upaminipun, wekdalipun sampun kasep saking rantaman, tamu sampun katingah goreh, tumprap Panatacara utawi Pamedharsabda ingkang tanggap dhateng kawontenan, mboten badhe matur kanthi panjang temtu badhe matur kanthi cekak aos.
 Makaten ugi menawi satunggaling wanci, karana kawontenan Panatacara kedah damel putusan ngowahi urutaning adicara, utawi kedah tumindak murih upacara tetep katingal lumampah rancak. Punika mbetahaken lantiping panggrahita tuwin kedah-tansah mulat dhateng swasana.
5. SUGIH KAWRUH
 Panatacara tuwin Pamedharsabda badhe langkung moncer malih, menawi ugi sugih kawruh. Liripun kejawi kawruh ingkang gayutan kaliyan basa, nanging ugi kawruh sanes-sanesipun ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan medharsabda. Kanthi sangu kawruh ingkang pepak, Panatacara – Pamedharsabda mboten badhe samara ing kawontenan kados pundit kemawon, saha badhe saya damel rancaking pangandikan.
 Prayogi sanget menawi tansah remen maos buku-buku kapustakan


III. ULAH SWARA / TEKNIK VOKAL
 Suwara, mujudaken piranti ingkang baku tumprap Panatacara tuwin Pamedharsabda, jalaran swara punika dhapur babaring sana. Tiyang saged dipun wastani wicaranipun “ Lus Mardawa “ katitik saking wuwantenipun.
 Awit saking punika pangolahing swara, kedah kaudimurih: Ulem, dhekung, membat mentul satemah sekeca kamirengaken.
 Ingkang kedah dipun gatosaken ing bab pangolahing swara, antawisipun :
1. Dhasar swara
Dhasar swara ingkang ageng lan bass, mujudaken pawitan ingkang sae tumprap Panatacara – Pamedharsabda, jalaran badhe ambabar swara ingkang ulem lan kung.
Sanadyan makaten, tumprap ingkang mila dhasar santenipun alit / tribell sampun ngantos dipun damel-damel supados ageng jalaran sanadyan wiwitanipun ageng nanging dumugi tengah badhe blero wangsul aslinipun. Kamangka ingkang sae swara punika wiwit kawitan dumugi pungkasanipun pantog. Pramila bakunipun kanthi dhasar swara ingkang dipun darbeni, kaudi murih cetha, bening mboten esek.
2. Kedal
Pangejaning abjad, mugi kaudi murih cetha lan leres. Ingkang punika obahing lesan saha pirantos sacelaking lesan sageda mapan kanthi merdika ambabar swaraning basa.
da : mardika, dahat dha : pidha
ta : tata, titah tha : cumanthaka, pinetha
Makaten ugi swara aksara : a – i – u – e – o, kedaling lesan kedah merdika murih ambabar swara ingkang cetha.
3. Ucapan
Pangucaping tembung, kaudi murih cetha, langkung-langkung mingsad-mingseding tembung lingga, supados mboten kaclithut.
pandam – pandoming cupet – ceweting
wijang – wijiling golong – gilig
pinantha – pantha – pepanthan tregal - tregel
4. Lagu
Lagu ing ngriki nyakup : sora-lirihing swara, panjang cendhaking swara, rindhik-rikating swara, inggil andhaping swara, saha membat mantuling swara tuwin lak-luking swara. Basa jawi punika lagunipun dekung, mboten melodhiyus, mboten rempeg renyah. Pramila kedah kagladhi lan kaudi murih swanten saged wijang, wirama lan wirasa, mboten “ Monoton “. Pangudinipun karana gladhen ngendikan sakathah-kathaipun.

5. Microfon
Kangge nambahi daya murih swanten saged kapireng dening akathah, jaman samangke sampun limrah kanthi ngginakaken microfon. Ingkang perlu pikantuk kawigatosan salebetipun ngginakaken Mic, inggih punika :
a. Letipun tutuk kaliyan Mic, gumantung peka lan mbotenipun Mic. Kangge Mic ingkang peka, sampun ngnatos kecaketan jalaran swanten badhe kapireng bindheng mboten cetha. Sepinten letipun ingkang pas, prayogi saderengipun upacara kawiwitan kedah kacobi langkung rumiyin. Pinangka ancer-ancer kirang langkung 5 nyari.
b. Rikala badhe ngendika caranipun nandha Mic, sampun ngantos kasebul sora utawi dipun thothok sora wongsal-wangsul. Punika kalebet patrap ingkang kirang prayogi. Cekap kanthi kagrayang temtu sampun badhe ketawis.
c. Medharsabda kanthi ngginakaken Mic, volume suwara kedah dipun kirangi mboten perlu sora-sora, supados sekeca dipun mirengaken.

IV. PATRAP / TEKNIK PENAMPILAN
Patrap ( Penampilan ) badhe merbawani ugi dhateng renggeping wicara. Babagan patrap punika badhe kaperang dados kalih, inggih punika patraping sarira saha patraping busana.
1. Patraping Sarira
Solah bawa, greget, saut, tandang graying, kaudiya murih sembada, susila, lan prasaja.
a. Wiwit tindak tumuju ing papan medharsabda, lumampah kanthi prasaja, jumangkah mantep mboten kesesa, lan susila. Dumugi sangajenging para tamu ngaturaken sembah kalbu, pinangka atur pakurmatan dhumateng para tamu.
b. Dumugi sangajenging MIc, mboten kesesa ngendika. Penggalih dipun tentremaken kaliyan mirsani sedaya tamu kanthi warata.
c. Rikala ngendika / medharsabda :
• Polatan tansah sumeh
• Asta ngapurancang, kejawi dipun betahaken
• Jumeneng kanthi jejeg mboten mirsani manginggil utawi mangandhap.
• Mboten wira-wiri ( prayogi wonten paraga pambiyantu kagem sesambetan dhateng paraga sanes ).
• Nilaraken pakulinan / saradan ingkang kirang prayogi, kadosta : ngulat-ulet kabel Mic, asta kabanda, asta mlebet sak, cagak Mic terus dipun cepengi, lsp.
• Mboten sinambi ngrokok, lan gegujengan.
d. Salebetipun maraga mliginipun panatacara, prayogi mboten dhahar, ngunjuk sawetawis kemawon supados tenggorokan mboten salit. Cekakipun sampun ngantos katinggal sanget.
e. Rikala pinuju lenggah ( Panatacara ), sikepipun tetap susila, mboten leyeh-leyeh, suku mboten jegang, lsp.
2. Patraping Busana
Winasis ngendika bilih “ ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana”. Busana saged asung prabawa tuwin wibawa tumprap ingkang ngagem. Ugi saged damel saya nambahi kapitadosan dhiri, satemah badhe merbawani dhateng renggeping wicara.
Patraping busana, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana tuwin upacara ingkang lumampah. Liripun, menawi wonten upacara adapt jawi para paraga sami ngagem busana kejawn, mila Panatacara-Pamedharsabda ugi kedahipun ngagem busana kejawen. Makaten ugi kagem siang punapa ndalu gayutanipun kaliyan warnining busana inggih kedah jumbuh.
Pangangeming busana ugi kedah leres lan trep. Liripun menawi pinuju busana kejawen, wiwit pangangeming nyamping beskap, dhestar, dhuwung, jumbuh kaliyan gagrag busana ingkang dipun agem ( Surakarta utawi Ngayogyakarta ).Menawi ngagem busana Nasional, inggih ingkang leres. Upaminipun ngagem Jas inggih jangkep kaliyan dhasi, sepatu.

V. BABARING WEDHARAN
Wedharing pangandikan, saged kadamel rowa utawi ringkes. Makaten ugi ing bab basa ingkang kaginakaken, saged kanthi basa ingkang prasaja utawi basa ingkang rinengga. Sedaya kala wau gumantung swasana, wonten upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken, saha wekdalipun ingkang sumadiya.
Baunipun wedharing pangandikan kedah urut runtut (sistimatis), cetha pilah-pilahipun, isining wedharan jumbuh kaliyan ayahan ingkang sinangkul.
Babaring pangandikan, prayogi kaperang dados tigang perkawis, inggih punika :
1. Purwaka, inggih punika atur ingkang pinangka pambuka.
2. Isi utawi perangan wigati, inggih punika wosing pangandikan.
3. Wasana, inggih punika atur ingkang pinangka panutup.

TUMPRAP PANATACARA :
Ingkang kalebet ing perangan Purwaka antawisipun :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Muji syukur dhateng Alloh ingkang maha Agung
- Ngaturaken reroncening adicara
- Babar pisan pambuka ka-aturaken, lajeng para tamu kasuwun sekeca lenggah hangantu adicara salajengipun.
Ingkang kalebet perangan wigati tumrap panatacara, inggih punika ngaturaken saben-saben adicara. Kalebet wonten kalanipunugi panyandra. Ingkang kedah pikantuk kawigatosan tumprap panatacara, inggih punika ngaturaken adicara ingkang badhe lumampah, mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipun aturi kanthi cetha.
Gayutan kaliyan panyandra, lugunipun panyandra makaten naming dhapur palapuran kasunyatan ingkang nembe lumampah ( laporan pandangan mata ), ingkang saged kagem ngregengaken swasana. Awit saking punika Paugeranipun nyandra, antawisipun : Ingkang dipun candra kasunyatan, mboten damel gerahing penggalih ingkang dipun candra punapa dene para tamu, tembung / basanipun tetep susila ( mboten lekoh ) lan ngremenaken.
Wondene perangan wasana, tumprap panatacara antawisipun
 Nyuwun pangapunten dhateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggenipun nindakaken jejibahan.
 Ndherekaken sugeng konduring para tamu
 Ngaturaken adicara panutup / Hamungkasi upacara saha salam panutup.



PAMEDHARSABDA
Rehning wonten warni-warni medharsabda, pramila bedanipun ing bab isi / wigati utawi wosing pangandikan. Wondene perangan purwaka saged kawastanan bakunipun sami.
Perangan Purwaka, ngemot :
 Uluk salam/salam pambuka
 Pakurmatan dhateng tamu
 Muji syukur dhateng Gusti Alloh ingkang maha Agung
 Ngaturaken ayahipun.
Dene perangan isi utawi wigati saha wasana, gumantung ayahinipun.
1. Pasrah Penganten Kakung
Bakunipun naming kalih perkawis, inggih punika :
 Ngaturaken salam taklimipun ingkang sami bebesanan
 Pratignyan / Ikrar pasrahipun penganten kairing panyuwun.
Panyuwun ing ngriki, gumantung cak-cakipun pasrah mapan ing adicara pundit. Menawi pasrahipun saderengipun kaijabaken, nyuwun supados kaijabeken. Menawi sampun ijab saderengipun upacara daup/panggih, nyuwun supados kapanggihaken manut tata upacara adapt ingkang lumampah. Dene menawi pasrahipun sampun ijab saha panggih, nyuwun kagula wethah ingkang sae.
Menawi wonten sanesipun ingkang kedah kaaturaken, saged katambah, upaminipun : badhe kaboyong, babar pisan matur nyuwun pamit sasampunipun purna, inggih dipun aturaken.
Wasana :
 Nyuwunaken panganpunten kalepatanipun sedaya pengombyong
 Nyuwun pangapunten kalepatanipun pribadi ingkang pasrah
 Salam panutup.

2. Pasrah Pengantin sarimbit ing upacara boyong
Isining wedharan, sami kaliyan pasrah pengantin kakung, bedahipun :
 Salam taklim
 Atur palapuran kaleksananing Ijab saha wiwahan wonten kulawarga putri
 Pratignyan pasrah pengantin sarimbit kanthi panyuwun sumangga anggenipun paring pangrengkuh saha panggulawenthah dhateng besan saha bebrayan/masyarakating ngriku.
 Nyuwunaken panganpunten kekirangan saha kalepatan wiwit nampi rembag sepisanan, ngijabaken saha miwaha dhauping pengantin, ngantos anggenipun ndherekaken boyong.
Perangan wasana :sami kaliyan pasrah pengantin kakung

3. Penampi Penganten
Lugunipun wosing pangandikan, manut kaliyan isining pangandikan sakiing paraga ingkang pasrah. Pramila perangan wigati ngemot :
 Ngaturaken sugeng rawuh dhateng duta miwah pengayab
 Nampi salam taklim, saha wangsul ngaturaken salam taklim
 Pratignyan/ikrar nampi pasrahipun penganten saha panyuwunipun badhe dipun tindakaken
 Ngaturi sekeca lenggah ngestreni wiwahan ngantos purna.
Wasana :
 Nyuwunaken pangaksami kalepatanipun ingkang mengku gati menawi wonten kalepatan anggenipun nampi.
 Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi
 Salam panutup.

4. Atur Pambagya/Sulih ingkang kagungan kersa / Panitya
Wigati/isi :
 Ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun rawuhipun tamu.
 Ngaturaken ujubing gati/ khajadipun punapa kapan kalesananipun, para tamu kasuwun punapa ).
 Ngaturaken panuwun awit pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih, saha sumbang sih saking para tamu. Mboten saged atur pinwales mugi Gusti ingkang males.
 Nyuwunaken pangapunten kekirangan kalepatanipun ingkang kagungan karsa ing sedayanipun.
Wasana :
 Kasuwun nglajengaken nggenya lelenggahan ngantos purna
 Para tamu kasuwun hangedhapi /hangrahabi pasugata
 Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi
 Salam panutup



5. Wursitawara / Sabda tama
Purwaka :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur
6. Tanggap wasaca / sabda ( = Sambutan / sanes wejangan ) saking Pangarsa Instansinipun Pengantin
Purwaka :
- Salam pambuka
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur dhateng Pangeran
- Ngaturaken panuwun dhateng Panatacara paringipun wekdal
Wigati :
- Mangayubagya dhateng Pengantin saha rama ibunipun.
- Pangajab saha pitedah dhateng pengantin, gayutipun kaliyan Dinas, sasampunipun palakrama.
Wasana :
- Ndherek memuji mugi pengantin kasembadan ing sedya.
- Nyuwun pangapunten lepating atur
- Salam panutup.

PAMRAYOGI :
1. Uluk Salam / salam pambuka, tumprap ingkang ngrasuk agami islam salam kalajengaken tahmid, shahadat, sholawat, mboten wonten lepatipun. Namung menawi katambah ayat Al –Quran lan hadist kedah kapilih ingkang jumbuh saha wonten andharan mangke badhe ngaturaken bab punika. Pramila trepipun ingkang mawi katambah ayat-ayat punika kagem ingkang tanggap sabda utawi wursitawara.
2. Pakurmatan dhateng para tamu
Ngengeti wekdalipun winates lan supados mboten kekathahen, parayogi dipun jamak, kanthi para tamu kaperang dados 3 golongan :
- Para Alim, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten
- Para manggalaning praja ( menawi wonten ) ingkang sinudarsana
- Para rawh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.

3. Babaring wedharan badhe panjang punapa cekak, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana. Makaten ugi babagan basa, badhe madya puanapa basa rinengga ugi kedah mulat dhateng ingkang midhangetaken saha ing upacara punapa.

VI. PANUTUP
Atur sapala punika adhapur ancer-ancer tumprap para kadang ingkang badhe amarsudi pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda, mugi saged kagem tetimbangan.
Amrih langkung cetha, samangke badhe ka-aturaken tuladha sawetawis aturipun Panatacara- Pamedharsabda ing wiwahan Panganten, katambah ngadani upacara bidhaling layon.
Ing wasana sugeng gladhi, murih dumugi ingkang kaesthi dados juru ladining bebrayan ingkang utami.


• Kamulyaning urip iku dumunung ana tentreming ati
• Wong linuwih iku, ambeg welas lan sugih pangapura
• Wong kang ora weruh tata karma uda Negara, iku padha karo ora bias ngrasakake rasa nem perkara ( legi, kecut, asin, pedhes, sepet lan pahit ).
• - Panjangka iku tekane kudu dipapag nganggo panjangkah
- Jumangkah iku kudu nganggo : wewaton, wewarah lan wirama
- Wewatoning urip yaiku ngibadah, wewarahing urip yaiku syari’ ah, dene wiramaning urip yaiku ihklas.
- Ibadah kelakone kanthi niat, Syari ‘ ah jejege perlu kapercayan, dene ikhlas bias wujud lamun ana panarima.
- Tuking niat ana ati, tuking kapercayan ana akal, tuking panarima ana telenging pangrasa.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar