Selasa, 23 November 2010

Contoh Upacara Kembar Mayang

UPACARA TEBUS KEMBAR MAYANG
(TUMURUNING KEMBAR MAYANG)


A. PURWAKANING ATUR PANATACARA :
Sagung para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun R. Harjuna, ing mangke badhe ka adanan Upacara Tebus Kembar mayang.
Wondene Para paraga ingkang piniji hanawung karti nuninggih :
 Pinangka Ki Wasita Jati : Kasarira Bp . Baladewa
 Pinangka Ki Sarayajati : Kasarira Bp. Sadewa
 Pringgarumeksa dipun sarirani dening Bp. Sukarya dalah Bp. Piguna
 Pangombyong Ki sarajati : Ibu Mulyati, Ibu Rejeki, Bgs. Raharja saha Bgs Jadmika
Rehning sampun ndungkap wahyaning mangsa kala saha sedaya sampun siyaga, pramila upacara tumuli badhe kula purwakani.
Dhumateng sagung para tamu kasuwun sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih, saha nyuwun idi pangestu mugi adeging upacara saged lumampah kanthi rancak kali sing sambekala.

B. UPACARA KAWIWITAN
1. Ingkang hamangku karsa utusan
- Sesarengan punika, Dhalang Suluk Pathet Kedu
Myat langening kalanggyan, aglar pandam muncar, oo. tinon lir kekonang, surem sorote tan padhang , a sor lan pajare, oo. oo. tur mameng nggegana, oo.oo. Dhasare mangsa katiga, oo. hima hanaweng, ingujung ancala, lan a karya wigena, oo. miwah isining wana, oo.oo. Wreksagung tinunu. --- Ayak-ayak ------
- R. Harjuna sekalian, Calon Penganten putri lenggah , kaadhep Ki Sarayajati dalah pangombyong.
2. Gendhing Suwuk, Dalang Pocapan :
Tatasing rahina gumanti ing ratri, ing nggegana katon remu wancine wus panglong.
Nalika samana nuju ari tumpak cemengan magut ratining ditekasih dhawah surya kaping 26 - 9 – 98 sinengkalan Ngesthi tumenga aruming siwi.
Ono titahing Gusti kang asma R. Harjuno sarimbit, arsa netepi darma andhaupaken putranira kang sesilih Rr. Pregiwo.
Ing mangke lagya samya lenggah ing pendapi, Ing semu emeng jroning wardaya, menggalih pamothahipun ingkang putra nenggih Calon Pinanganten putri, nyuwun supados dhaupipun tinengganan Sekar adi Mancawarna utawi sinebat Kembar mayang. Nalika samana R. Harjuno, lagya hanampi rawuhipun Ki Sarayajati, ingkang arsa sinaraya ngupadi Kembar mayang. Sasampunipun bage binage, R. Harjuno tumuli medharaken telenging gati, mangkana wijiling pangandika…………….
IHK Ki Sarayajati ingkang tuhu kinurmatan, Kula sakulawarga nyuwun senjata pitulung dhateng panjenengan , mugi kepareng ngupadi Sekar adi manca warna utawi Kembar mayang, kangge jangkeping pepasren badhe dhaupipun anak kula pun Pregiwo kaliyan Bagus Kacanegara, Dene Uborampe kagem sarana, ampun kula cawisaken.
SJ Menawi tetela makaten, sanadyan awrat jejibahan menika, namung kula badhe nyendikani dhawuh panjenengan. Rehning uborampe sampun cumawis, pramila kula tumuli nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu mugi kula saged lebda ing karya.
IHK Kula namung dherek memuji mugi tindak panjenengan raharja ign marga saha sembada ing karya.

Dalang Pocapan .
Purna nggenya paring pangandika, ingkang sinaraya gya jumangkah netepi wajib kadherekaken para Pangayab, kanthi sesanti mugi tansah rahayu.
--------------- (Gendhing Ld. Mugi Rahayu S1 Myr. ) ----------------
Kisarayajati saha pangayab jawat asta pamit, lajeng miyos.
Dhalang pocapan.
Lah punika ta warnane, Ki Sarayajati ingkang nembe lelana, angupadi Kembar mayang. Jroning lumaksana kadherekaken para pangayab, nenggih Eanodya kekalih ingkang ngasta baki isi sadak lawe saha tuwin baki isi klasa Bangka ya tilam lampus. Ingkang sisih wuri Paraga kakung kalih, kang sawiji hamundhi lira, kang sajuga ngampil songsong pinangka jangkeping sarat sarana.
Datan cinarito lampahe Ki Sarayajati, gantyo ingkang winuwus. Wonten papan asri pinetha kadya pacrabakan. Sayekti menika pacrabakan Palo amba, nenggih papan cumondhoking Sekar adi Mancawarna ya Kembar mayang.
Sinteta ingkang kadi pinandita lenggah ing salebeting pacrabakan ? . Tan sanes nenggih ingkang bebisik Ki Wasitojati.
Nalika samana lagya lenggah kaliyan abdi kinasih kekalih, kasaru sowanipun Ki Sarayajati miwah para pendherek.
Dupi sampun satata lenggah, Ki Wasitjati daya-daya gya ngacarani kang nembe prapta. Makaten wijiling pangandika ingkang dereng kawiyos ing lesan….
------ Nengga gendhing suwuk ----- lajeng wawan rembag.


ADEGAB ING PACRABAKA PALOAMBA
Wj. Kisanak ingkang nembe rawuh, keparenga kula ngaturaken kasugengan, saha nyuwun pirsa, panjenengan menika sinten lan saking pundi ?
Sj. Inggih Kyai, awit pangestu panjenengan, sowan kula sakadang tansah pinayungan ing karahayon.
Salajengipun keparenga dherek nepangaken, ingkang sudi amestani kula pun Sarayajati, wingking saking Padhukuhan Madukara. lajeng kepareng nyuwun pirsa, ngriki menika padhukuhan pundi saha panjenengan punika sinten Kyai ?
Wj. Kawuningana Kyai Sarajati, ngriki punika pacrabaan Paloamba kalebet wewengkon padhukuhan Tegalsari. Dene kula ingkang name Wasitajati, sisih kula punika Pringga rumeksa saha Rumeksa Pringga.
Lajeng mengku wigati ingkang pundi dene panjenengan karaya raya rawuh ing pacrabakan menika, Kyai?
Sj. Ngaten Kyai, kula menika nembe sinaraya dening R. Harjuno ingkang lenggah dedalem ing Padhukuhan Madukara, Kinen ngupadi Sekar adi mancawarna utawi Kembar mayang, kinarya sarana dhupipun Rara Pregiwo kaliyan Bgs. Kacanegoro.
Manut goteking akathah, bilih Kembar mayang kala wau, wnci menika cumondhok ing ngriki saha Ki Wasitjati ingkang kapiji hamurba. Menapa inggih leres makaten Kyai?
Wj. Leres pangandika panjenengan kisanak, bilih sekar adi mancawarna ingkang ugi kasebat kalpataru dewandaru Jaya ndaru ugi winastan kembar mayang, mila cumondhok wonten ngriki. Lah inggih ingkang wonten ngarsa panjenengan menika wujudipun.
Sj. Wah, saestu begja kemahyangan tumrap kula, kyai. Namung saderengipun, Keparenga nyuwun pirsa , menapa reroncening sekar adi mancawarna wonten werdinipun Kyai?
Wj. Makaten kisanak, mugi andadosna ing pamriksa, bilih Kembar mayang menika pinangka pralambanging Wahyu Jodho. Peamila tumurunipun dhateng priyantun ingkang hambeg utama, ing rikalanipun badhe nambut silaning akrama.
Dene Kembar mayang punika wonten peranganipun saha saben perana wonten werdinipun piyambak-piyambak, tumprap pinanganten. Wondene babaripun makaten:
1. Oyodipun sinebat Bayubojro. werdinipun minangka pasemon kekiyatan. Liripun tiyang ingkang badhe palakrama kedah Santosa lahir lan batos, murih mboten gampil kasempyok ing godha ingkang saged damel rengkaning bebrayan
2. Wit ipun sinebat Purwa sejati. Tegesipun wiwitanipun agesang bebrayan, kedah linambaran santosaning tekad, adhedasar katresnan jati, tinangsulan reh darmaning palakrami manut paugeraning agami tuwin negari.
3. Pangipun sinebat keblat papat, inggih menika :
 Ingkang mangling ngaler, sinebat andong birawangga
 Ingkang ngetan, sinebat girang puspondriya
 Ingkang ngidul, sinebat janur nur cahya
 Ingkang ngilen , sinebat Waringin jati laksana
werdinipun, mugi penganten anggeipun ngupadi pangupajiwa dhaten gpundi papan, kedah linambaran budi rahayu, tebih tindak duraka, linambaran panyuwun mring Gusti ingkang maha Suci, murih tansah pinaringan pitedah tuwin pangayoman
4. Dene sekaripun sinebat Dewandaru jayandaru saha wohipun sinebat ndaru tuwin kilat.
Tegesipun, sasampunipun palakrama, kaajab saged nuwuhaken wohing katresnan awujud putra. Putra sageda kagulawenthah kanthi pratitis, murih dados manungsa ingkang utami.
5. Sangandhapin kembar mayang wonten degan sajodho, mengkuwerdi, pangajab mugi temanten kekalih lestari dadya jodho, tuwin kekalihipun mugi tansah atut tuntuk pindha mimi hamintuna,. Dene isining degan awujud toya wening , tegesipun penganten kekalih sageda tansah wening ing penggalih, satemah samubarang pakarti saged pratitits andayani sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh . Makaten kisanak menggah werdinipun kembar mayang
Sj. Matur agungin panuwun Kyai, dene sampun kepareng medharaken menggah werdining kembar mayang
Salajengipun, Kyai, mugi wontena keparengipun, kembar mayang kula suwun, kinarya sarana dhupipun Rara Pregiwa. Menawi kedah katumbas, pinten kerta ajinipun Kyai ?
Wj. Ngaten kisanakkembar mayang menika mboten kenging katumbas kanthi arta, nanging saged katebus kanthi sarana
Sj. Lajeng sarananipun menapa Kyai?
Wj. Sarananipun, wonten 3 perkawis, sepisan Sadak lawe sajodho, kaping kalih Klasa Bangka/ tilam lampus, ingkang punkasan purnaning gati kedah kawangsulaken dhateng marga catur.
Sj. Menawi makaten Kyai, sarana panebusing kembar mayang sumangga keparenga nampi, dene sarana ingkang pungkasan badhe kula estokaken
---------------- serah terima sarana ---------------
Salajengipun keparenga kembar mayang tumuli badhe kula boyong dhateng dalemipun R. Harjuno.
Wj. Inggih, sarana kula tampi, nangin saderengipun kembar mayang kaboyong, keparenga badhe kula wateki mantra sekti langkung rumiyin awujud rerepen amrih mboten alum ron miwah sekaripun
Sj. Sumangga Kyai
Wj. Nyekar Dhandhang gula 1 – 5 pada;
“ Ana Kidung rumeksa ing wengi, teguh hayu luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, Jim setan datan purun. Paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong luput , geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna.”
Makaten Kyai, sanadyan namung sapada, mugi bangkit andayani dhumateng kembar mayang murih kawontenanipun tetep adi
Sj. Matur nuwun Kyai, salajengipun rehning kados sampun purna sowan kula, pramila keparenga kula nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu mugi rahayu lampah kula ngantos dumugi Madukoro
Wj. Inggih ta kisanak, kula namung saged ndherekaken sugeng . Nangin weling kula, sanadyan kasaputing ndalu sampun ngantos kendel menawi dereng dumugi dalemipun R. Harjuno. Sha ing mangke badhe kula kantheni Pringga rumeksa, murih yuwana tindak panjenengan, uwal saking priangga bayaning margi.
Sj. Sedaya dhawuh panjenengan badhe kula estokaken Kyai, salajengipun kepareng bidhal samenika

Dhalang :
Paripurna gatining titilaksana, ingkang sami hanawung kridha samya siyaga ing dhiri sawega ing gati, amboyong kembar mayang kondur mring dalemipun kang hamangku karsa. Gembira jroning lumaksana sinambi hamirsani tandur kang dedheng nglilir.
----------- Gendhing ilir-ilir, Kacondra Mc. ----------

C. ADEGAN SRAH PENAMPI KEMBAR MAYANG
Nalika samana, dupi wus kasembadan hamboyong Sekar adi mancawarna, Ki Sarayajati tumuli mandhap saking pacrabakan kadherekaken para Pangayab. Esthining nggalih daya-daya dumugi ing Padhukuhan Madukoro sowan prayagung ingkang anduta. Gelising Carita, datan kinocap lampahe Ki Sarayajati ing samarga-marga, ing mangke wus ngancik gapuraning wisma R. Harjuno
Nalika samana, R. Harjuna kaliyan garwa dalah Calon Pinanganten putri, lagya lenggah ing pendhapi. Dupi mulat lamun Ki Sarayajati wus kepareng rawuh, gya jengkar king palenggahan R. Harjuna myang garwa putra, arsa hamagap rawuhipun Ki Sarayajati
Ing korining wisma, Ki Sarayajati ngaturaken purwa madya wasana ing rehing dinuta. Tumuli Ki Sarayajati hamasrahaken sekar adi mancawarna ya kembar mayang. R. Harjuno kanthi suka jroning penggalih hanampi Kembar mayang, saha sanget hangaturaken gungin panuwun dhumaten Ki Sarayajati, ingkang sampun sembada ing karya
Ki Sarayajati sakadang gya kaaturan pinarak ing panti bujana, saperlu kembul bujana andrawina, ngiras pantes ngaturaken puji syukur miwah puja pandonga mring Gusti kang maha Kawasa, murih kasembadaning sedya.
------------ Ayak-ayak Umbul donga ---------

D. PARIPURNA
Sagung Para tamu minulya, sampun paripurna, upacara panebusing Kembar mayang. Ambok bilih para paraga salebetipun hangayahi adicara punika, kathah kekirangan saha kalepatan, saestu kula sakadang nyuwun agungin pangaksami.
Pinangka pungkasaning atur, sumangga samya asesanti : Jaya jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih. Nuwun


KATRANGAN :
Keparenga atur katrangan sawetawis, menapa ta darunanipun dene wiwit para sepuh ing jaman kina ngantos sepriki, tumrap bebrayan Jawi, sampun dados adat/ tradisi bilih ing malem midodareni kaadanan upacara tebus kembar mayang ?
- Kembar mayang lugunipun namung wujuding pepasren ingkang kadamel saking janur kuning kaisi ronronan winadhahan kendhaga, pinatut kanthi paugeran tinantu
- Werdinipun kembar mayang, kembar menika barang kalih ingkang sami wujudipun , dene mayang menika sekar. Mila lajeng dipun wastani pepasren karana sekar kalih ingkang tinata wonten kiwa tengenipun pelaminan, kasuprih murih hangwuimbuhi saya ngenguwung cahyaning temanten sarimbit.
- Nanging menawi manut suraos , kembar mayang menika ngemu pitedah tumrap temanten sarimbit. Inggih menika : landesanipun tiyang jejodhoan menika antawisipun CPK + CPW kedah kembar cipta rasa karsa lan sedyanipun
- Dene Mayang saking tembung Maha Hyang, tegesipun Gusti ingkang hakarya kagad. Liripun palakrami menika kejawi linambaran kembaring cipta rasa karsa dalah sadyanipun. nangin ugi anggenipun palakrama menika hamung netepi dhawuh tuwin kodrating Gusti kang akarya Jagad.
----------------------------------------------------

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar